Kamis, 07 Maret 2013

TATALAKSANA KURBAN MIS SUCI

NGAHAD PRAPASKAH IV

10 MARET 2013

Pambuka

Pamartobat

Sembahyangan Pambuka
I.   Gusti Allah, Rama Sumbering sih palimirma, kawula punika tiyang dosa, lumpuh lan boten kuwagang nggalawat. Sinten malih ingkang saged mulihaken kakiyatan kawula, kejawi amung Rama. Mila mugi mriksanana kawula saha karsaa jumeneng Rama ingkang maha welas karana Putra Dalem ingkang sampun karsa dados kurban pepulihing dosa, inggih Gusti Yesus Kristus, ingkang kaliyan Hyang Rama lan Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku keprabon jumeneng Allah ing salami-laminipun.
U. Amin.

Waosan I -  Kitab Yos. 5:9a.10-12

Umating Allah ngriayakake paskah nalika mlebu ing tanah prajanjian.

Nalika samana Pangéran ngendika marang Yosua mangkéné, ”Dina iki kawirangan saka Mesir dakbirat saka ing bangsamu.” Umat Israèl  isih masang kémah ana ing Gilgal lan mulyakakaké paskah ing tanggal patbelas sasi iku wayah soré ana ing ara-ara sacedhaké Yèriko. Èsuké bakda Paskahan padha ngrasakaké roti tanpa ragi lan gandum bakaran wulu-wetuné tanah kono. Wiwit nalika semana, yoiku wiwit padha mangan pametuné tanah mau manna wis ora tiba manèh. Umat Israèl wis ora nampa manna, nanging wiwit taun iku lan sakterusé uripé saka wulu-wetuné tanah Kanaan.
Makaten sabda Dalem Gusti.     
U Sembah nuwun konjuk ing Gusti.

Mazmur Tanggapan:


Refren:
Rasakna lan alamana, Pengéran iku maha saé.

Ayat-ayat:
  1. Aku arep memuji Pangéran ing salawasé, puji pangalembana bakal tansah daucapaké; jiwaku bakal diluhuraké krana Pangéran, wong kasrakat karebèn krungu lan bungah.
  2. Ayo ngluhuraké Pangéran bareng karo aku, ayo bebarengan ngluhuraké Asma Dalem. Aku ngupaya pangéran lan dipadha ngetaké, aku diluwari saka sakèhing karibedan.
  3. Padha nyawanga Pangéran, ulatmu bakal bingar lan ora kawirangan. Wong kasrakat kang sesambat, dipidhangetaké Pangéran lan diuwalaké saka sakèhing karibedané.

Waosan I-2 Korintus 5:17-21

Gusti Allah lilih karo aku kabèh lantaran Sang Kristus.

Para sadulur, wong sing manunggal ing Sang Kristus, iku wis dadi titah anyar. Sing lawas wis sirna. Delengen, kabèh wis dianyarakè. Kabèh iku ditindakaké dening Allah, kang wus karsa lilih karo jagad lantaran Sang Kristus, liré dosaning jagad marang Panjenengané wis ora kepitung. Déné aku padha dipatah ngumumaké prakara iki. Dadi aku iki ngemban dhawuh Dalem Sang Kristus yaiku: dipadha wawuh karo Gusti Allah. Panjenengané sing ora tepung karo dosa, dening Allah didadekaké dosa kanggo nglabuhi aku kabèh, supaya aku padha manunggal ing Panjenengané lan dibeneraké dening Gusti Allah.
Makaten sabda Dalem Gusti.     
U Sembah nuwnn konjuk ing Gusti.

Cecala Injil

Refren:

            Kula kadosan ingarsaning Allah

Ayat:

Aku dak gumrégah, sowan bapak lan matur, “Bapak, kula kadosan ingarsaning Allah lan ingarsaningipun bapak.”



Waosan Injil – Lukas 15:1-3.11-32

Adhimu iki mauné mati, nanging saiki urip manèh.

Nalika samana para juru mupu béya lan wong-wong dosa padha sowan Gusti Yesus arep ngrungokaké sabda Dalem. Déné para Parisi lan ahli kitab padha kedumelan pangucapé, “Wong-wong dosa kok ditampa, malah kembul dhahar bareng!” Nanging Gusti nuli paring pasemon mangkéné, “Ana uwong duwé anak lanang loro. Sing enom matur marang bapakné, ‘Pak, kula nyuwun bagéan warisan kula.’ Bapak mau banjur ngedum warisan. Ora antara suwé sing enom nglumpukaké barang darbèké,  kabèh, nuli mangkat menyang tanah adoh. Ana ing kana bandhané diècèh-ècèh kanggo urip seneng-seneng. Bareng wis entèk-èntèkan, ndilalah tanah mau katrajang paceklik gedhé lan bocah mau dadi kasrakat. Bocah mau kapeksa ngèngèr uwong ing tanah kono lan diekon menyang palemahané angon babi. Sapira kepinginé ngisèni wetengé mawa pakan babi, nanging ora ana sing mènèhi. Bocah mau nuli éling lan ngunandika, ‘Buruh-buruhé bapak pirabaé cacahé, mangané turah-turah. Lha kok aku ana ing kéné kaliren. Aku mulih sowan bapak lan matur; Bapak, kula sampun kadosan wonten ingarsanipun Pangéran lan wonten ingarsanipun Bapak. Kula sampun boten pantes dipun aken putra; kula nyuwun dipun dadosaken abdi kémawon.’ Bocah mau nuli mangkat mulih sowan bapakné. Nanging isih adoh bapakné wis weruh lan atiné trenyuh. Anaké diplayoni, dirangkul, dikekep-kekep. Si anak matur, ‘Bapak, kula sampun kadosan wonten ingarsanipun Pangéran lan ingarsaning Bapak. Kula sampun boten pantes dipun aken putra.’ Nanging bapakné prentah marang batur-baturé, ‘Énggal jupukna sandhangan sing apik-apik dhéwé; drijiné enggonana ali-ali, sikilé trumpahana! Sapi sing dilelemu kaé belèhen!.’ Banjur padha bungah-bungah, mangan énak. Nalika samana sing pambarep isih ana ing tegal. Bareng mulih, tekan sacedhaking omah krungu swaraning tabuhan wong jogédan, nuli takon marang salah sijiné baturé, ‘Kaé ana apa? Wangsulané, ‘Ingkang rayi wangsul lan ingkang bapak dhawuh mragat lembu ingkang dipun lelema, awit ingkang rayi pinanggih wilujeng.’ Si pambarep muring-muring ora gelem mlebu ing omah. Mula bapakné ngalahi metu ngarih-arih. Wangsulané, ‘Sampun pinten taun anggèn kula ngladosi Bapak, boten naté nerak dhawuh. Éwa déné cempé satunggal kémawon dèrèng naté pun paringi, kanggé seneng-seneng kaliyan kanca-kanca. Sareng piyambakipun, ingkang ngabul-abul bandha kanggé seneng-seneng kaliyan tiyang èstri awon, malah dipun pragadaken lembu ingkang dipun lelema.’ Bapakné mangsuli, ‘Anggèr, kowé mono tansah dak sandhangi lan duwèkmu ya duwèkku, rakya wis samesthiné ta, aku padha seneng-seneng mangan énak. Awit adhimu iki mati, saiki urip manèh; biyèn ilang, saiki ketemu manèh.’
I.   Rahayu wong kang uripé salaras karo sabda Dalem, lan ngugemi dhawuh-dhawuh Dalem
U. Rinesepna sabda Dalem Gusti, ing manah kawula.

 Homili

Kawula Pitados

Panyuwunan Umum

I. Gusti Allah, Rama mahaasih ing suwarga, ngantu-antu sowanku samangsa aku padha kataman reribet. Mula ayo padha munjuk;
P. Gusti, mugi mberkahana umat Dalem, amrih angsal-angsalipun prapaskah punika asung gesang saha semangat anggenipun ngupadi saha ngénggalaken kapitadosan. Suwawi sami munjuk;
U. Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
P. Gusti, keparenga bapak-ibu ngrumaosi tanggel jawabipun menggah ing para putra ingkang kedah ingkang dipun tuntun nuju kadéwasan saha gesangipun ing tembé wingking. Suwawi sami munjuk;
U. Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
P. Gusti, mugi manah kawula katuwuhana raos tresna lan welas asih dhateng sesami ingkang kakirangan tuwin kacingrangan. Suwawi sami munjuk;
U. Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
P. Gusti, keparenga kawula sami sepen ing pamrih anggènipun nindakaken kagiatan salebetipun mangsa prapaskah punika, kejawi amung luhuring asma Dalem, saha rahayunipun sesami. Suwawi sami munjuk;
U. Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
 ---- munjuk sacara pribadi ing batos ----
I.  Gusti Allah, Rama mahasuci, mugi midhangetna aturipun umat Dalem. Keparenga kawula tansah munjuk sembah nuwun krana sakathahing peparing dalem kalebet rejeki tuwin padunungan. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
U. Amin.

Kidung Cecawis Pisungsung

Sembahyangan Cecawis

I. Gusti Allah, Rama mahasuci, keparenga kawula ndhèrèk bojana kurban ingkang kagem ngriyayakaken prajanjian Dalem kaliyan kawula wonten ing roti anggur, wonten ing Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem tuwin lantaran kawula.
U. Amin.

Sembahyang Bakda Komuni
I.  Suwawi sami munjuk sesarengan;
Gusti Allah, Ramanipun umat manungsa, mugi midhangetna unjuk kawula saha kakempalna sadaya umat saking sadéngah bangsa. Mugi Sabda Dalem nuwuhna pangajeng-ajeng kanggé ngadhepi tembé wingking sarta ngobaraken semangat ndhèrèk mbangun lingkungan gesang ingkang asung tata tentrem karta raharjo. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U. Amin.

Kidung Panutup

Tidak ada komentar:

Posting Komentar