NGAHAD PRAPASKAH IV
10 MARET 2013
Pambuka
Pamartobat
Sembahyangan Pambuka
I. Gusti Allah, Rama Sumbering sih palimirma,
kawula punika tiyang dosa, lumpuh lan boten kuwagang nggalawat. Sinten malih
ingkang saged mulihaken kakiyatan kawula, kejawi amung Rama. Mila mugi
mriksanana kawula saha karsaa jumeneng Rama ingkang maha welas karana Putra
Dalem ingkang sampun karsa dados kurban pepulihing dosa, inggih Gusti Yesus
Kristus, ingkang kaliyan Hyang Rama lan Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku
keprabon jumeneng Allah ing salami-laminipun.
U. Amin.
Waosan I - Kitab Yos.
5:9a.10-12
Umating Allah
ngriayakake paskah nalika mlebu ing tanah prajanjian.
Nalika samana Pangéran
ngendika marang Yosua mangkéné, ”Dina iki kawirangan saka Mesir dakbirat saka
ing bangsamu.” Umat Israèl isih masang kémah
ana ing Gilgal lan mulyakakaké paskah ing tanggal patbelas sasi iku wayah soré ana ing ara-ara sacedhaké Yèriko. Èsuké bakda Paskahan padha ngrasakaké roti
tanpa ragi lan gandum bakaran wulu-wetuné tanah kono. Wiwit nalika semana,
yoiku wiwit padha mangan pametuné tanah mau manna wis ora tiba manèh. Umat Israèl
wis ora nampa manna, nanging wiwit taun iku lan sakterusé uripé saka wulu-wetuné
tanah Kanaan.
Makaten sabda Dalem Gusti.
U Sembah nuwun konjuk ing Gusti.
Mazmur Tanggapan:
Refren:
Rasakna lan alamana,
Pengéran iku maha saé.
Ayat-ayat:
- Aku arep memuji Pangéran ing salawasé, puji pangalembana bakal tansah daucapaké; jiwaku bakal diluhuraké krana Pangéran, wong kasrakat karebèn krungu lan bungah.
- Ayo ngluhuraké Pangéran bareng karo aku, ayo bebarengan ngluhuraké Asma Dalem. Aku ngupaya pangéran lan dipadha ngetaké, aku diluwari saka sakèhing karibedan.
- Padha nyawanga Pangéran, ulatmu bakal bingar lan ora kawirangan. Wong kasrakat kang sesambat, dipidhangetaké Pangéran lan diuwalaké saka sakèhing karibedané.
Waosan I-2 Korintus 5:17-21
Gusti Allah lilih
karo aku kabèh lantaran Sang Kristus.
Para sadulur, wong
sing manunggal ing Sang Kristus, iku wis dadi titah anyar. Sing lawas wis
sirna. Delengen, kabèh wis dianyarakè. Kabèh iku ditindakaké dening Allah, kang
wus karsa lilih karo jagad lantaran Sang Kristus, liré dosaning jagad marang
Panjenengané wis ora kepitung. Déné aku padha dipatah ngumumaké prakara iki.
Dadi aku iki ngemban dhawuh Dalem Sang Kristus yaiku: dipadha wawuh karo Gusti
Allah. Panjenengané sing ora tepung karo dosa, dening Allah didadekaké dosa
kanggo nglabuhi aku kabèh, supaya aku padha manunggal ing Panjenengané lan
dibeneraké dening Gusti Allah.
Makaten sabda Dalem Gusti.
U Sembah nuwnn konjuk ing Gusti.
Cecala Injil
Refren:
Kula kadosan ingarsaning
Allah
Ayat:
Aku dak gumrégah, sowan bapak lan matur, “Bapak, kula kadosan ingarsaning
Allah lan ingarsaningipun bapak.”
Waosan Injil – Lukas
15:1-3.11-32
Adhimu iki mauné
mati, nanging saiki urip manèh.
Nalika samana para
juru mupu béya lan wong-wong dosa padha sowan Gusti Yesus arep ngrungokaké
sabda Dalem. Déné para Parisi lan ahli kitab padha kedumelan pangucapé, “Wong-wong
dosa kok ditampa, malah kembul dhahar bareng!” Nanging Gusti nuli paring
pasemon mangkéné, “Ana uwong duwé anak lanang loro. Sing enom matur marang
bapakné, ‘Pak, kula nyuwun bagéan warisan kula.’ Bapak mau banjur ngedum
warisan. Ora antara suwé sing enom nglumpukaké barang darbèké, kabèh, nuli mangkat menyang tanah adoh. Ana
ing kana bandhané diècèh-ècèh kanggo urip seneng-seneng. Bareng wis entèk-èntèkan,
ndilalah tanah mau katrajang paceklik gedhé lan bocah mau dadi kasrakat. Bocah
mau kapeksa ngèngèr uwong ing tanah kono lan diekon menyang palemahané angon
babi. Sapira kepinginé ngisèni wetengé mawa pakan babi, nanging ora ana sing mènèhi.
Bocah mau nuli éling lan ngunandika, ‘Buruh-buruhé bapak pirabaé cacahé, mangané
turah-turah. Lha kok aku ana ing kéné kaliren. Aku mulih sowan bapak lan matur;
Bapak, kula sampun kadosan wonten ingarsanipun Pangéran lan wonten ingarsanipun
Bapak. Kula sampun boten pantes dipun aken putra; kula nyuwun dipun dadosaken
abdi kémawon.’ Bocah mau nuli mangkat mulih sowan bapakné. Nanging isih adoh
bapakné wis weruh lan atiné trenyuh. Anaké diplayoni, dirangkul, dikekep-kekep.
Si anak matur, ‘Bapak, kula sampun kadosan wonten ingarsanipun Pangéran lan ingarsaning
Bapak. Kula sampun boten pantes dipun aken putra.’ Nanging bapakné prentah
marang batur-baturé, ‘Énggal jupukna sandhangan sing apik-apik dhéwé; drijiné
enggonana ali-ali, sikilé trumpahana! Sapi sing dilelemu kaé belèhen!.’ Banjur
padha bungah-bungah, mangan énak. Nalika samana sing pambarep isih ana ing tegal.
Bareng mulih, tekan sacedhaking omah krungu swaraning tabuhan wong jogédan,
nuli takon marang salah sijiné baturé, ‘Kaé ana apa? Wangsulané, ‘Ingkang rayi
wangsul lan ingkang bapak dhawuh mragat lembu ingkang dipun lelema, awit
ingkang rayi pinanggih wilujeng.’ Si pambarep muring-muring ora gelem mlebu ing
omah. Mula bapakné ngalahi metu ngarih-arih. Wangsulané, ‘Sampun pinten taun
anggèn kula ngladosi Bapak, boten naté nerak dhawuh. Éwa déné cempé satunggal kémawon
dèrèng naté pun paringi, kanggé seneng-seneng kaliyan kanca-kanca. Sareng
piyambakipun, ingkang ngabul-abul bandha kanggé seneng-seneng kaliyan tiyang èstri
awon, malah dipun pragadaken lembu ingkang dipun lelema.’ Bapakné mangsuli,
‘Anggèr, kowé mono tansah dak sandhangi lan duwèkmu ya duwèkku, rakya wis
samesthiné ta, aku padha seneng-seneng mangan énak. Awit adhimu iki mati, saiki
urip manèh; biyèn ilang, saiki ketemu manèh.’
I. Rahayu wong
kang uripé salaras karo sabda Dalem, lan ngugemi dhawuh-dhawuh Dalem
U. Rinesepna sabda Dalem Gusti, ing manah kawula.
Homili
Kawula Pitados
Panyuwunan Umum
I. Gusti Allah, Rama mahaasih ing suwarga,
ngantu-antu sowanku samangsa aku padha kataman reribet. Mula ayo padha munjuk;
P. Gusti, mugi mberkahana umat Dalem, amrih
angsal-angsalipun prapaskah punika asung gesang saha semangat anggenipun
ngupadi saha ngénggalaken kapitadosan. Suwawi sami munjuk;
U.
Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
P. Gusti, keparenga bapak-ibu ngrumaosi tanggel
jawabipun menggah ing para putra ingkang kedah ingkang dipun tuntun nuju kadéwasan
saha gesangipun ing tembé wingking. Suwawi sami munjuk;
U.
Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
P. Gusti, mugi manah kawula katuwuhana raos
tresna lan welas asih dhateng sesami ingkang kakirangan tuwin kacingrangan.
Suwawi sami munjuk;
U.
Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
P. Gusti, keparenga
kawula sami sepen ing pamrih anggènipun nindakaken kagiatan salebetipun mangsa
prapaskah punika, kejawi amung luhuring asma Dalem, saha rahayunipun sesami.
Suwawi sami munjuk;
U.
Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.
----
munjuk sacara pribadi ing batos ----
I. Gusti Allah, Rama mahasuci, mugi midhangetna
aturipun umat Dalem. Keparenga kawula tansah munjuk sembah nuwun krana
sakathahing peparing dalem kalebet rejeki tuwin padunungan. Lantaran Sang
Kristus, Gusti kawula.
U. Amin.
Kidung Cecawis
Pisungsung
Sembahyangan Cecawis
I. Gusti Allah, Rama mahasuci, keparenga
kawula ndhèrèk bojana kurban ingkang kagem ngriyayakaken prajanjian Dalem
kaliyan kawula wonten ing roti anggur, wonten ing Gusti Yesus Kristus, Putra
Dalem tuwin lantaran kawula.
U.
Amin.
Sembahyang Bakda
Komuni
I. Suwawi sami
munjuk sesarengan;
Gusti
Allah, Ramanipun umat manungsa, mugi midhangetna unjuk kawula saha kakempalna
sadaya umat saking sadéngah bangsa. Mugi Sabda Dalem nuwuhna pangajeng-ajeng
kanggé ngadhepi tembé wingking sarta ngobaraken semangat ndhèrèk mbangun
lingkungan gesang ingkang asung tata tentrem karta raharjo. Lantaran Sang
Kristus Gusti kawula.
U.
Amin.